Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Alhamdulillahirobbil ngalamin.
Dumateng ngarsanipun Bapak
Dukuh Bakulan ingkang satuhu kinabekten, dumateng bapak-bapak, ibu-ibu sesepuh
pini sepuh ingkang dahat kinurmatan saha para kadang wiranem kakung saha putri
ingkang bagya mulya.
Sumangga langkung rumiyin kita unjukaken rasa
puji syukur wonten ngarsa dalem Allah SWT ingkang sampun paring mapinten-pinten
karahmatan, karaharjan saha kawilujengan sahingga kita saget makempal manunggal
wonten ing dalu menika wonten ing acara syawalan 1434 H.
Salam saha shalawat mugi-mugi katetepno
dhumateng junjungan nabi Agung kita Muhammad SAW.



